KABUDAYAN JAWI KAWRUH PAMBIWARA
Assalami'alaikum wr.wb
Katur para sutresna budaya lan kabudayan djawi ingkang pantes kinurmatan, kangge hanguri-uri kabudayan tilaranipun para luhur linangkung hing Keraton Surakarta Hadiningrat, keparengna kula suka hangaturaken " KABUDAYAN DJAWI BABAGAN PAMBIWARA " . Hing pangajab mugi saged handadosaken panuntun dhumateng para bebrayan agung, manawi pikantuk ayahan utawi jejibahan minangka pambiwara.
Ingkang punika kula mboten ateges sampun mumpuni babagan basa sastra, sarta sampun pana ing reh budaya lan kabudayan djawi, hinggih namung adapur nuruti obahing gesang ( urip ) Kula.Kanthi punika sumangga katur para sutresna budaya anggenipun kepareng badhe suka andaran saha tambahan murih sampurnaning tuladha punika.
Wasana pungkasaning atur, kula hanglenggana inggih hawit cubkuk lan andaping pawiyatan kula, kirang pana ing babagan basa lan sastra, langkung -langkung cupeting pangertosan kula bab punapa kemawon kula tansah tumadah hanampi kanthi iklasing manah sadaya panyaruwe lan panacat panjenengan, kula ngaturaken panuwun sarta nyuwun pangapunten, mugi -mugi tuladha punika wonten ginanipun tumrap ingkang badhe ngersakaken
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
Kartasura , 5 Mei 2024
ATUR KULA
HARTAKA HADINAGARA
BUDAYA DJAWI
Para sutresna budaya djawi ingkang winantu suka rahayu, hinggih hawit panjenengan lan kula lumebet wonten hing wewengkon tanah jawi utaminipun ingkang mapan wonten hing wewengkon Surakarta Hadiningrat. Kanthi makaten sumangga budaya ingkang wonten punika tilaranipun para kina, para luhur linangkung ingkang kedah panjenengan sadaya lan kula uri-uri murih lestari widada jaya selami-lamiya wonten bumi Nuswantara.
Midherek warah dalem, sabda dalem sampeyan dalem Ingkang Minulya Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Pakoe Boewana Kaping 10.
" RUM KUNCARANING BANGSA DUMUNUNG ANENG LUHURING BUDAYA "
Suraos ukara endah ingkang kacetha ing nginggil ngengetaken bilih budaya punika dados sukmaning bangsa ingkang handayani gesang. Pramila inggiling budaya nyantosaaken adap, inggih bebuden ingkang lerehipun luhuring budaya mahanani kuncaraning bangsa.
BUDAYA PUNIKA PUNAPA
Adhedasar kawruh saking Karaton Surakarta, Budaya punika woh pangolahing budi. Dene pangolahing budi punika tegesipun makarti lahir lan batos kanthi sesarengan. Liripun punika dados tuntunaning ngagesang. Dene pikajengipun sadaya Kala wau inggih punika makarti kanthi tumindak utami, sinartan pangesti hinggih dongo kunjuk Gusti.
Lampah kautaman ing gesang, ahlul ing pakarti atul ing pangesti makaten kajab tuwuhing daya ingkang winastan Prabowo sak mboten-mbotenipun wibowo. Dene prabowo kaliyan wibowo punika mboten sami, liripun manawi Prabowo punika kekiyatan ingkang mboten kasat mripat, wondene wibowo punika kekiyatan ingkang kasat mripat.
Prabowo tegesing dayanipun saking raos pitados lajeng tuwuh raos ajrih nampi halat ( contonipun tiyang jawi ajrih manawi nikah mboten mawi adat jawi contonipun adat panggih, timbangan, kacar - kucur lan sanes -sanesipun) hinggih karana dayanipun budaya makaten winastan Prabowo.
Dene Wibowo tegesing tata lahir ingkang ndundut raosipun ingkang nyekseni utawa ingkang nindakaken ( contonipun ageman jawi jangkep ) saksampunipun hangagem busana jawi jangkep handadosaken katingal bergas lan nuwuhaken patrap solah bowo tuwi hanuraga.
Wujudipun budaya antawisipun : Karaton, gamelan, tatacara rias. Kalebet tatacara lan upacara panganten punika kalebet wonghing pangolahing Budi utawi budaya.
Ingkang punika budaya ingkang hasumber hing Karaton Surakarta Hadiningrat, wonten daya kakiyatanipun, pramila sintenta kemawon ingkang remen dhateng budaya kedah hanggadhahi jiwa ingkang hangelam-elami tansah hanyengsemaken dhumateng tiyang kathah. Jiwo ingkang alon, alus lan ngati - ati.
NGREMBAK BUDAYA DJAWI BABAGAN PAMBIWARA :
Hinggih hawit saking mekaring jaman saha ngrembakaning budaya, pambiwara punika mboten saged katindakaken sadhengah Priyantun ,upamiyo saged dereng kantenan saged mrantasi Danie,dene manawi saged mrantasi damel, dereng kantenan saged mumpuni kaliyan pantes, luwes lan teges.
Pambiwara punika, satunggaling priyantun ingkang pilih tanding saha dipun ewani ngakathah. Ingkang punika sintena kemawon kepingin madeg dados pambiwara,kedah ngudi murih hanggadahi pribadi ingkang hangelem - elemi. Liripun tansah ngremenaken dhateng sesami. Kados ingkang kasebat ing ngandap punika :
1. Polatan. Kedah sumeh, tajem bebasan eseme wor ing tanduk.
2.Micara. Alus,tumrap seru lirihing lathi pamilahing tembung ( vokal a, I, u, e, o )
3.Solah bawa. Bab wontenipun pandulu, lenggah lan mlampahipun
4.Saradan.Mboten adigang adigung adiguna, liripun mbot ngongasakaken kebrangasan.
5.Patrap.Ngaosi dhateng sesami, tansah nengenaken budi lan prayogi ngetrepaken empan lan mapan dhamel eco manahipun ingkang sami mirengaken,saged nandukaken tepo saliro.
Pambiwara saking tembung biwara.
Cundhuk kaliyan naminipun : Pambiwara kewajibanipun namung hambiwarakaken punapa ingkang badhe dipun tindakaken, sarta sinten ingkang kajibah lampah - lampah. Ingkang punika Pambiwara mboten migunakaken tembung ingkang muluk-muluk, mboten dakik-dakik, tembungipun ingkang prasaja gampil dipun mangertosi tiyang kathah .
Pambiwara kedah nengenaken kasusilan sarta unggah - ungguh, sampun natoni manahipun tiyang sanes.
PAMBIWARA MULAT KAWONTENAN
Pambiwara kedah mulat kawontenan, umpaminipun pasamuan punapa, sarta sinten ingkang katingal rawuh, mboten ateges mbedak - mbedakaken nanging mulat sarira hangrasa wani, ingkang rawuh Camat, Bupati lan sanesipun perlu unggah - ungguh.
PAMBIWARA BASA PRASAJA
Pambiwara kedah ngaosi dhateng sadaya tamu, mboten kedah basa krama inggil, kawi, tembung padhalangan utawi pakeliran cekap basa ingkang madya utawi tengahan liripun badhe dipun mangertosi maknane basanipun dhateng tiyang kathah
Pasamuan punika kawontenan ingkang nyata sanes pewayangan sarta sanes - sanepan ingkang punika manawi ngrumpaka inggih kedhah menapa wontenipun.
Pambiwara saksaget- sagetipun hamiliha tembung tigang bab punika :
1. Tembung - tembung ingkang dipun mangertosi werdhipun
2. Tembung ingkang limrah, mboten rucah, sukur endah
3. Tembung ingkang trep parama sastranipun lan trep unggah - ungguhipun
SANGUNE BADHE MADEG DADOS PAMBIWARA
1. Purwa /sakderengipun madeg pambiwara
2. Madya saklebeting jejibahan
3. Purna saksampunipun hangayahi jejibahan
PAMBIWARA HAMBUKA PASAMUAN
Purwakaning pasamuan manten punapa parepatan, lumrahipun ingkang hambuka pambiwara, rehdene nama hambuka mila inggih mboten perlu panjang - panjang. Nalikaning pambiwara hamiwiti sedya hambuka tatacara, mboten hamakili sinten-sinten utawi hamakili ingkang hamengku gati. mboten hangaturi wilujeng dhateng para tamu, mboten hangaturaken panuwun dhateng ingkang hambawani damel, dados namung maligi /lugu minangka jejer pambiwara. Mboten nyebat priyantun ingkang hanampi jejibahan, hangaturaken kanthi ringkes.
PAMBIWARA HANANGGAPI ATUR
Pambiwara mboten prayi hangulas saha hangalembana dhumateng priyantun ingkang hangasta jejibahan pasrah, panampi, atur pambagya lan sanesipun. Mboten nyahak wewenangipun ngasanes.
PAMBIWARA HANGRUMPAKA
Panyondro /hangrumpaka kedah gambuh kaliyan kawontenanipun panganten, pramila hanggenipun ngrumpaka ampon ngantos rumangsa handhalangi, liripun panganten punika sanes pewayangan Nanging kasunyatan. Ingkang punika pambiwara sak saged-saged mangertoso dhateng panggenan, ageman jawi.Pambiwara sak saget - sagetipun haniteni gending - gending.
BAB KIRAB PANGANTEN
Pambiwara sak saget -sagetipun hangaturaken werdhinipun kirab utawi mula bukaning kirab
PAMBIWARA HAMUNGKASI KARYA
Pambiwara manawi hamungkasi karya hinggih hanetepi jejibahan minangka pambiwara mboten hamakili sinten-sinten.
DAFTAR PUSTAKA
1. Kawruh Pambiwara Anggitanipun KRT. Bowodipoero Dwijo Sanggar Pasinaon Pambiwara Keraton Surakarta
2. Buku Tuntunan Pambiwara Anggitan RT. Gunopadmopuro Dwijo Sanggar Pasinaon Pambiwara Keraton Surakarta Hadiningrat
3.Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta Anggitan Suyadi Respatiyono Staf KST Karanganyar
4. Buku Tuntunan Hamicara Anggitan KRA. Winarna Kusuma Dwija Sanggar Pasinaon Pambiwara Keraton Surakarta Hadiningrat
5.Sesorah Pranatacara saha pamedar sabda, anggitan Sri Hono Murwatono
6. Kamus istilah Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta, Maryana Dwiharja - W. Hendrasaputra - Suparja Imam Sutarja - Sumarlan - Y. Suwanta - Siti Muslifah
7. Kawruh Pambiwara, Anggitan KRT. Soesena Renggadipura, Dwija Sanggar Pasinaon Pambiwara Karaton Surakarta
8. Penganten Gagrag Surakarta, Anggitan KRT. Soesena Renggodipuro, Dwija Sanggar Pasinaon Pambiwara Karaton Surakarta
9. Siraman, Anggitan Suwarno Pringgowidagda
Komentar
Posting Komentar